WAYANG
~♥~ WAYANG ~♥~
Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah
Ceritane ''Tansah Eilingo'' lagi takon-takon
babakan ''WAYANG'' nang gonne''Mbah Ojo
Dumeh''
=====================================
Tansah Eilingo : ''Mbah nuwun sewu ,bade
tangklet ,anane tiang gadah damel , kados
manten ,sunatan , hajatan , niku sok
kadang di paringi acara pengajian wayang
niku murih nopo mbah...?''
=> ''Ingkang dipun maksud kalih TANSAH
EILINGO niki dalange pak kyai / pengajian'''
Mbah Ojo Dumeh : ''Oh kui to..? , Iku sinambi
dakwah agomo ugo nguri-nguri budoyo
adiluhur ,iku ora ono elek e le...!!! ,
sampean ngerti WAYANG iku soko tembung
''WAJIB SEMBAHYANG'' , mulane dalang
,sinden , yogo iku kudu wajib sembahyang''
Tansah Eilingo : ''La kok saget ngoten
pripun mbah maksudte..?''
Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo ,seneng karo wayang
kok ora sembahyang iku ibarate ''LELUNGAN
NING ORA NGERTI DALANE, ORA TEKO
TUJUANE '' ,pingin mulyo nang suwargo
malah mrongos nang neroko''
Tansah Eilingo : ''wow ngoten to mbah , niku
yen kagem pemaine , menawi kagem
penontone pripun...?''
Mbah Ojo Dumeh : ''La kanggo seng nonton
,sopo ngerti tontonan biso di dadek ake
tuntunan, mergo sa'iki iku akeh wong jowo
wes ilang jawane alias ''ORA NJAWANI'',
Tansah Eilingo : ''TEGESE MBAH...?''
Mbah Ojo Dumeh : ''wong sa'iki iku malah
bangga yen anak e iso bahasa inggris ning
podho ora biso boso, La sopo ngerti
jalaran soko piwudale dalang malih iso
matrappake boso ''
Tansah Eilingo : ''Ow,,,ngoten to mbah njih
,,mbah njih...''
Mbah Ojo Dumeh : ''NING wayang iku
maknane teteb WAJIB SEMBAHYANG, Mulo
sak durunge nonton wayang kudu wes
isya'an ,bar nonton ojo ninggal lek subuhan,
la wong nonton wayang kok ora
sembahyang iku yo podho koyo wong lungo
ning ora ngerti dalan , pingin mulyo nang
suwargo....?''
Tansah Eilingo : '' malah mrongos nang
neroko wehehe.....''
Mbah Ojo Dumeh : ''Nah jaman Sunan
Kalijogo dakwahe agomo iku yen miturut
buku ''BABAT TANAH JOWO'' , iku yen dakwah
agomo nganggo wayang disek, di kenalke
agomo nganggo metode koyo ngunu kui ,la
basan wes seneng karo seng jenenge
syareat njur gek diwulangi ngibadah ngunu
lho....''
Tansah Eilingo : ''Oh,,,ngoten mbah....!!!'' ,
Tangklet malih mbah , Lajeng ten wayangan
niku mesti enten GORO-GORO ne niku
sebabpe nopo mbah......?''
Mbah Ojo Dumeh : ''GORO-GORO iku
gambarane zaman akhir, mulo zaman iku
yen wes akhir wolak walik an koyo dene
dalang kae jebhol kayon , kayon iku soko
tembung bahasa arab ''KHAYUN'' maknane
''PENGURIPAN''
Tansah Eilingo : ''Lajeng maksudte pripun
mbah...?''
Mbah Ojo Dumeh : ''Maksudte , urip iku yen
wes wolak walik an koyo ngene iki le , nek
kepingin slamet enggal ngetok ke
''PUNOKAWAN'' cacahe 4 (papat) , yoiku :
''SEMAR , NOLO GARENG , PETRUK LAN
BAGONG'' nah iku yo soko tembung bahasa
arab , 'samir nala khoiron fatruk ma
bagho'''
Tansah Eilingo : ''ARTINE NOPO MBAH.....?''
Mbah Ojo Dumeh : ''ARTINE ''SAMIR'' (podho
Cancut Taliwondo wong siro kabeh ono
dunyo) ,
''NALA KHOIRON'' (nyupreh seng apik podho
nindak ke kebagusan ,do ngibadah) ,
''FATTRUK'' (Mongko ninggalo siro kabeh)
''BAGHO'' (Perkoro seng olo ,maksiat lan
laku duso)
Tansah Eilingo : ''Lajeng namine kok saget
berubah dados ''SEMAR ,NOLO GARENG
,PETRUK LAN BAGONG'' niku pripun ?
Mbah Ojo Dumeh : ''LA iku jenenge ILAT JOWO
ora faseh kon muni arab wehehe''
Tansah Eilingo : ''wehehe njih mbah
bener...ech lerees,,,!!!'', La pertanya'an sak
lajenge mbah , KOK ENTEN KYAI INGKANG
NGAROMAKE WAYANG NIKU SEBABPE NOPO
MBAH...?''
Mbah Ojo Dumeh : ''Ooo....Ngerti o Le ,kok
ono kyai ngaromke wayang iku pancen duwe
dasar, Awet zaman cilik ane mbah e mbiyen
, aku jik kelingan le , mbiyen ku yen nang
kene ono wayangan biasane njur buri kunu
let 2 umah ono bandongan''
Tansah Eilingo : ''bandongan nopo mbah....?''
Mbah Ojo Dumeh : ''Kitab...!!!''
Tansah Eilingo : ''Lho kitab nopo niku
mbah...........?''
Mbah Ojo Dumeh : ''Wehehe kitab klothok /
toret (kitabpe cilik-cilik di toto di geret) ,
Alias ceki bin keplek i termasuk bangsane
kyu-kyu,prenthil,domino ,remi ,empat
satu,poker ,lan lio liane
Tansah Eilingo : ''Oalah mainan to mbah
alias judhi ''
Mbah Ojo Dumeh : ''iyo , la ngunu iku le seng
jenenge judi opo wae benthuk e iku kabeh
larangane agomo lan negoro ,ning maine
judhi iku mergo di disik i anane wayang ,
gandheng judi kharom mulo wayang di
kharomne awet jiphuk koidah soko usul
''fiqh''
Tansah Eilingo : ''Ough , dadose yen wayang
niku dados sarono maksiat harom mbah...?''
Mbah Ojo Dumeh : ''Iyo bener harom''
Tansah Eilingo : ''Ning yen rampung
wayangan kok tiyange tambah sae-sae /
sregeb ibadahe niku angsal mbah...????''
Mbah Ojo Dumeh : ''Ough intuk iku malah
wajib, contone yen ono wayang dalange
kyai wehehe ''
Tansah Eilingo : ''wow ngoten to mbah ...?''
Mbah Ojo Dumeh : ''ya ya ya , mulane
budoyo jowo seng apik-apik ayo podho di
uri-uri di gawe sarono dakwah agomo ,
ngunu....''
Tansah Eilingo : '' njih mbah leres , mugi-
mugi enten generasi ingkang nerusaken
dakwah damel budoyo jawi njih mbah
kersane boten punah wehehe''
Mbah Ojo Dumeh : ''Ajiiiiiib's....'
Rabu, 06 Mei 2015
Wayang
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar