Rabu, 06 Mei 2015

Ojo dumeh

OJO DUMEH TANSAH EILINGO LAN WASPODHO
0========[ LEMAH ]=======0
Bismillahirrahmanirrahim,,
Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah,
Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso
Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng
Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala
Rasulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk
dumateng nabi agung Muhamad SAW
Poro pemaos ingkang minulyo :
• Kito niki yen sholat madhep ten tempat
sujud yoiku ngisor ,La ngisor niku LEMAH ,
supoyo kersane sadar menungso niku soko
LEMAH , bibite soko LEMAH , mloka-mlaku
wira-wiri , modar-mandir ,mosah-masih ,
jumpalikan , ono ing duwure LEMAH, benjing
yen pun sedo njih di salap / di pendem ten
jero LEMAH, benjang pas wayahe di
tangekno maleh njih saking LEMAH , pramilo
saking meniko , ojo dumeh, ojo bangga ,
ojo sok , kito niki asale soko lemah lan
bakal balik dadi lemah
• Ojo dumeh duwe umah gedhe njur podho
gumbedhe ,ledha-ledhe,sak karepe
dhewe,ora akur karo tanggane,congkrah
karo dulure, NGELINGONO yen umah
terakhirmu iku alam kubur, nang dunyo ora
gelem syukur ning kok malah kufur mbesok
nang alam kubur bakal ajur mumur lebur
• Ojo dumeh sandanganmu larang pating
krempyang nganti 10 lemari ora sedeng di
enggoni, NGELINGONO yen sandangan
terakhirmu iku mung KAIN MORI mulo ojo
podho kemlinti , ita iti koyo peri
• Ojo dumeh tumpak anmu mobil lagakmu
koyo butho cakil , tur cethil ,betithil, bakhil
, NGELINGONO yen tumpak an terakhirmu iku
penduso rudho papat rupo menungso
• Ojo dumeh minyak wangimu larang njur
girang-girang , NGELINGONO yen minyak
terakhirmu iku mung kapur barus ,mulo ojo
podho kementhus
NB : E.....Manungso podho Eilingo..Siro
manggon neng bumine sopo......???
Lan siro kudu rumongso..Ono ndunyo seng
ngurepne sopo........???
Umur siro soyo tuwo..Lamun mati sangunu
opo........???
Ayo dho nindakno Tuntunan agomo...!!!
Sholat ,zakat , ojo lali poso , Ibadah haji
lamun kuoso...
Iku aran Islame sempurno....''
Kanggo sangu ono ing alam boko...!!!
URIP SAK LAWASE ORA ONO AKHIRE....

Tidak ada komentar:

Posting Komentar