titenane wong seng arep
umure dowo
Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah,
Poro pemaos ingkang minulyo :
Ngendikane mbah-mbah siyen , titenane
wong seng arep umure dowo lan mulyo ugo
seneng ten dunyone niku taseh ''GELEM
PAPAT'' (4) : La nopo mawon sekawan
niku....?
• ISEH GELEM SHODAKOH ,
Poro pemaos ingkang minulyo ,
Sedekah yoiku nyuka'aken samukawis
dhateng tiyang benten kaliyan ngarepaken
ridhanipun saking Gusti Allah SWT. Sedekah
klebet amalan ingkang terpuji sanget ugo
dianjuraken ing ndalem agami islam, paling
utami kunjuk ingkang berkecukupan.
Sodakoh saged diwujudtaken lebet macem-
macem bentuk ipun, bahkan ngempet awak
badane mboten ndamel kawonan/ olo
dhateng tiyang benten niku njih klebet
sedekah. pramilo saking punika, bersedekah
dianjuraken kunjuk saben muslim ,ngeling -
ngeling hukum bersedekah yoiku sunah.
Tiang shodakoh niku boten bakal MLARAT
ning malah KUAT , Boten RUBUH ning malah
BAKOH , Boten WUTAH ning malah WUTUH ''''
Wong iku yen wes ora seneng shodakoh
biasane niku wes meh mati ,
• ISEH SENENG SILATURAHMI :
Termasuk jagong-jagong / kumpul-kumpul,
langkung-langkung silaturahmi kalian
sedulur ,nek pun boten purun ngoten niku
biasane pun keno penyakit , la niku njih
boten dangu dang sedo,
• TASEH PURUN NGAJI (pados ilmu) :
NGAJI IKU PENTING OJO SENG PENTING
NGAJI ,Sebab nopo ko kudu ngaji...? Apik iku
nglakoni perintah ninggal larangan, kulo
jenengan kapan iso nglakoni perintah lek
boten ngerti opo seng di perintah ,kapan
iso ninggal larangan yen ora ngerti opo
seng di larang,
Tiyang niku nek pun boten purun NGAJI
boten saget bedakno pundi ingkang halal
lan pundi ingkang harom, boten dangu njih
di cekel pulisi , wehehe
• Ingkang terakhir njih meniko TASEH PURUN
BEKTI LAN TA'DIM KALIH TIYANG SEPAH
NB : Mugi-mugi kulo lan panjenengan saget
entheng anggenipun nglampahi sedoyo
kolowau....Allohuma Amiiiiiiiiiiin
Rabu, 06 Mei 2015
Tondo umure dowo
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar