BAITI JANNATI
Bismillah, Wal-Hamdu Lillah,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala Rosulillah,
Poro pemaos ingkang minulyo :
Bondo dunyo ingkang berharga niku wonten
kalih , njih meniko
1 . KELUARGO INGKANG SHAKINAH
2. KETURUNAN INGKANG SHOLIH LAN
SHOLIKAH
La titenane anak sholih sholikah niku njih
kalih:
1. Purun dungak ne
2. Boten ngrepotti
Kanjeng nabi ngendiko ''BAITI
JANNATI'' (umahku surgoku) ,maknane
nopo...?
Tiyang niku bade gesang mulyo ten dunyo
niku INTINE ten griyo, dadose tiyang niku
angger ten griyo kok ruwet ,niku uribpe njih
bakal ruwet , enten griyo kok kulino padu ,
titeni mangke boten dangu keno penyakit,
milane keluargo niku kedah dipun jagi, lan
niru kanjeng NABI mawon njih , banggak
aken keluargane yakni ''rumahku surgaku''
Tegese niku umpomo sak niki areb pamer
KEDUNIAWIAN niku boten enten tiyang
ingkang GUMUN....
CONTO : AREB PAMER NOPO JENENGAN
⇉ SUGEH : hiyuuuuuhhhhh wes akeh wong
SUGEH , kello dalan-dalan podho macet,
zaman biyen niku angger tiyang gadah
montor / mobil sami bangga poro sederek ,
sa'niki sedoyo tiyang pun gadah ,njih
boten...? , Areb PAMER nopo malih===>
⇉ PANGKAT : wes akeh wong pangkat ,
biyen iku sifat wong duwe bolo / konco /
dulur pulisi , camat , pejabat niku podho
kemlete bangga , La SAK NIKI malah wedi,
mergo kwatir nek dikon dadi saksi wehehe,
njur areb pamer opo maneeh....=>
⇉ PINTER...? Wes akeh wong pinter , Dosen ,
guru , dokter ,profesor niku hebat / gagah
nek ten kantor thok , ten GRIYO di SENTAK
BOJO .....GOBL*K DADAK , dekem gur ketab
ketib mripate : D ,,,, hayooo nopo
malih.........???? =>
⇉ AYUUU...? hiyuuuuuh wes akeh wong ayu ,
kello di iderne nang dalan-dalan ora podho
payu : D
Milane monggo , KELUARGO mawon njih
ingkang dipun banggak-banggak aken,
amergi BAITI JANNATI niku miftah (kunci)
keberkahanipun AKHIRAT,
NB : OMAH NIKU SUMBER KEBAHAGIAAN ,
OMAH NIKU SUMBER KEMULYAAN , OMAH NIKU
SUMBER KEKUATAN
Mugi-mugi manfaat
Rabu, 06 Mei 2015
Baiti jannati
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar