Rabu, 06 Mei 2015

Syair

Syi'ir iki ngelengno tumuju poro putro
Supoyo di gatekno ojo podho
durhoko
Maring ibu lan bopho mundak urib mu
soro
Suwene sangang sasi ibumu
hanggerbini
Nglahirke toh hing pati sak iki kudu
ngerti
Carane bales budi Ojo malah podho
wani
Siro kudu nurut ojo bantah yen di
printah
Ugo ojo mangsuli yen siro di tuturi
Percuma ra faedah anggone podho
ngibadah
Menawi tansah gawe susah marang
tiang sepah
Dungane wong tuwo maring putro iku
di kabulne
Koyo sepadane dungane nabi maring
umatte
Allah ridho maring siro yen podho
bekti wong tuwo
Menowo gawe gelo Allah bakal paring
duko

Tidak ada komentar:

Posting Komentar