NGAtur Jiwo
★ NGAJI (NGAtur Jiwo dandani atI) ★
Bismillahirrahmanirrahim,,
Puji Syukur Al-Khamdulillah Was Syukrulillah,
Tansah Kito Aturaken Dumeteng Ngarso
Dalem Allah Ta’ala, Engkang Sampun Pareng
Pinten-pinten Nikmat Dumateng Kito Sami ,
Was-Shalatu Was-Salamu 'Ala
Rasulillah,Sholawat soho salam kito kunjuk
dumateng nabi agung Muhamad SAW
Poro pemaos ingkang minulyo :
Kenging nopo kito niki kedah di kengken
ngaji , tujuane nopo....?
Tujuane ngaji niku kolo-kolo ngumpul dadi
siji sak perlu eiling tinilingan , kenging nopo
kok di dawuhi eiling tinilingan...? Di akoni
nopo boten yen manungso niku makluk
apes ingkang kanggonan LALI kalih SALAH ,
nanging kok purun ngaji ngelengno eiling
tinilingan iseh saget dados tiang ingkang
bejo, ''LAN WENEHONO PEPILINGAN
(peringatan) ,KAMONGKO SAK TEMENE
PEPILINGAN IKU AKEH BANGET MANFA'ATTE
TUMRAPE WONG SENG PODHO IMAN''
• Ingkang sak lajenge tiyang ngaji niku di
damel mupuk iman, sebab iman niku perlu di
pupuk nganggo ngaji , amergi iman
menungso niku SAMI CAP PE NING BEDO
KWALITASE (mutune) , enten iman niku
ingkang mutune SAE , Iman niku yen mutune
SAE cirinipun : bungah ngibadah susah njih
teteb ngibadah , Ning enten iman niku
ingkang sedengan , cirine : bungah ibadah
susah prei / walik an , susah ibadah
bungah prei ,niku njih enten , kabare njih
tiange enten mriki ning pass boten maos
wehehe ,
Malah enten iman niku ingkang boten mutu
babar blas, ngakune iman agamane islam
ning ora tau ngibadah
• Seng jelas imane menungso niku pasang
surut , kadang kandhel kadang tipis , nek
pas dong kandhel ibadah yo kendhel ning
pas dong tipis PREI ,
Mugi-mugi sedoyo ingkang sampun mampir
wonten PAGE mriki lan sampun maos
kiriman ten mriki IMANE soyo TAMBAH lan
angsal ilmu ingkang manfaat , Ilmu manfaat
niku titenane gampil , pripun yen niteni ilmu
manfaat niku...? njih meniko bar ngaji
mundak SAE ne
NB : Kulo derek dedungo lumantar
kawontenane PAGE puniko sedoyo pikantuk
o ilmu ingkang manfaat, lan dipun
paringono entheng anggenipun nglampahi
ibadahe , barokah panjang yuswane ,
barokah katah rizkine Allohuma Amiiiiiiiiiin
Rabu, 06 Mei 2015
Ngaji
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar