Sing eliiing
ﺑِــﺴْﻢِ ﺍﻟﻠَّﻪِ ﺍﻟﺮَّ ﺣْﻤَـﻦِ ﺍﻟﺮَّ ﺣِﻴْــﻢْ
ﺍَﻟْﺤَﻤْﺪُ ﻟِﻠَّﻪِ ﺭَﺏِّ ﺍْﻟﻌَﺎ ﻟَﻤِﻴْﻦَ، ﻭَﺍﻟﺼَّﻠَﺎ ﺓُ ﻭَﺍﻟﺴَّﻠَﺎ ﻡُ ﻋَﻠَﻰ ﺳَﻴِّﺪِ ﻧَﺎ ﻣُﺤَﻤَّﺪِ ﻥِ
ﺍْﻟﻘَﺎ ﺀِﻯﻞِ
Poro pemaos ingkang minulyo
★ mumpung isih waras monggo sami
ngibadah sartane ikhlas ,lanang wadon ,
cilik , enom ,Tuwo, podo mikiro Jeneng
manungso mesti le loro (sakit) , Yen wis
loro banget susahe Badan apes eling salahe
, Dek ngrasani ora berduli ,Ngamal bagus
den-lali lali
★ Poro dulur Sedoyo monggo dho ngaji
Gawe sangu besuk yen mati , Perkoro repot
kudu den bagi ,Godhane setan ojo dituruti ,
Sebab wong mati iku wis mesti ,Lamon ra
ngaji bakale rugi Ono kubur setengah mati
Mungkar lan nakir podho nggebugi
★ Wong tuwo loro wajib nuturi Marang
anake den wulang ngaji, Wiwit cilik di
gadang mulyo , Slamet ndunyo mlebu
swargo , Gusti Alloh Ingkang Kuwoso
Ngabulake dongane manungso, Ngilangake
sekabèhe dosa, Amargo Paduka Paling
Kuwoso.
★ Poro sedulur ayo podho ngabekti
Marang Gusti Alloh kang paring redjeki,
Awake dhewe niki mung sak dermi Manut
marang perintahe Gusti. Kandjeng Nabi iku
dikongkon Supoyo manungso ora keno
bendon , Manut pangandikane Kandjeng
Nabi,Urip ono dunyo bakal awèt murni.
★ Sing eliiing……..Wong urip sing tansah
eling ngrasuk agomo Islam sing mesti
ngamalake Al Quran tuntunan suci ,
Sing eling siro manungso....urip iki mung
sedelo Akeh luput kelawan duso Inggal
nyuwun pangapuro marang Allah kang
Kwoso
AAMIIN YAA ALLOH YAA ROHMAN YAA ROKHIIM
* ANTAL JAWAADUL KHALIM WA ANTA NI’MAL
MU’IN
• Amiin yaa Alloh duh gusti kang melasi
*panjenengan moho lumo aris lan mitulungi....
Rabu, 06 Mei 2015
Ayo eling
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar