Syi'ir PASRAH NGALAH
~♥~PASRAH NGALAH~♥~
♫ SHOLLATULLOH SALAMULLOH ALATOHAA
ROSULILLAH
SHOLLATULLOH SALAMULLOH ALAYASIIN
HABIBILLAH
TAWASALNAA BIBISMILLAH WABILHADII
ROSULILLAH
WAKULLIMUJAA HIDILILLAH BI'AHLILBAD'RIYA
ALLAH ♫
♫ Marang pangeran kang pinuji ngaturaken
sekabehing puji
♫ Marang pangeran kang moho suci
monggo nyuwun ihklasse ati
♫ Sugih lan mlarat kari nglakoni wes di
tetepne robbi izzati
♫ Seng penting iman ing jero ati kudu di
jogo sampek mati
♫ Urip nang dunyo ojo ngongso kabeh kui
wes ono seng noto
♫ Urip nang dunyo ojo gampang ngersulo
opo maneh pas atine gelo
♫ Urip nang dunyo kuwi cubo susah lan
seneng kabeh cubo
♫ Seng kuat cubo seng duwe roso , roso
syukur maring kang kuoso
♫ Akeh wong ngaji mung di rungokne teko
ngomah ora di amalne
♫ Akeh wong ngaji mung ngobrol dhewe
kadang malah ngrasani tanggone
♫ Budal ko ngomah ketok e ngaji teko
enggon gur ngrasani
♫ nek ngunu kui dang di tobatti opo ra
wedhi sekso nek wes mati
♫ Kelawan pengeran kang moho ghofur
monggo nyuwun barokahe umur
♫ Pas ati sumpek ojo sampek ngelantur
urip kuwi wes ono seng ngatur
♫ Rohmatte Allah tanpo tinukur
Subhanaallah jo nganti kufur
♫ Sholat wajibpe kudu teratur ojo nganti di
undur-undur
♫ Mangan kharom dadi petenge ati mangan
khalal dadi padange ati
♫ Penggawean kharom dadi kotore ati
penggawean khalal dadi bersihe ati
♫ Nek ono bucah angel di tuturi kadang
mergo panganan kang di pangani
♫ Panganan kharom seng di pangani
sehinggo ati angel di tuturi
♫ Urib sepisan ojo salah langkah ojo lali
sholawat_tanriyah
♫ Urib sepisan ojo gampang gersah opo
maneh pas wektu susah
♫ Sugeh lan mlarat kabeh iso susah mergo
iku adille Gusti Allah
♫ Yuk dulur ngalah seng penting ngalah
mergo iku dadi ibadah
♫ SHOLLATULLOH SALAMULLOH ALATOHAA
ROSULILLAH
SHOLLATULLOH SALAMULLOH ALAYASIIN
HABIBILLAH
TAWASALNAA BIBISMILLAH WABILHADII
ROSULILLAH
WAKULLIMUJAA HIDILILLAH BI'AHLILBAD'RIYA
ALLAH ♫
Rabu, 06 Mei 2015
Sg pasrah ngalah
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar